Selasa, 23 Juni 2015

KYAI GADHUNGAN



HUMOR

JEBUL KYAI GADHUNGAN TA





 

Pas ana acara sasi Muharam, ana kampunge R dianakake acara pengajian lan malam acara santunan kanggo anak yatim piatu sing uga dimeriahake acara hiburan. R lan kanca kenthele yaiku K, mara menyang acara kasebut.

Ana salah sawijining wong lanang sing penampilane kaya kyai, nganggo klambi koko, peci sorban lan kemeja kothak-kothak. R lan K banjur salaman karo para tamu liyane, ora ketinggalan uwong kuwi mau, malah nganggo acara cium tangan barang.


Kaya santri sing salaman karo kyai ning pondhok pesantren kae. Sawise salaman, R lan K banjur lungguh ana kursi sing wis cumepak. Ora dinyana wong sing berpenampilan ala kyai mau lungguh ana jejere K, dadi mesem-mesem sajak bangga.

Wuih... sabubare acara sambutan-sambutan, ana tradisi acara yaiku rayahan dhuwit receh kanggo bocah-bocah cilik. Ora dinyana, jebul Pak"Kyai" kuwi mau njenggirat ngadeg uga ujug-ujug melu biyanget kae.

Spontan R lan K kaget ra karu-karuwan banjur ngguyu ngekek, "We lha dalah, jebul kyai gadhungan, wong ra genep Hasyeeemmm, sialan... tiwas awake dhewe mau ndadak salaman nganggo ngambung tangan trus mundhuk-mundhuk barang. Jebul wong ediaaannn... awake dewe tertipuuu ... wkwkwkwkwk.

(Andri Astika Sukmawati-Wonogiri)
 
Sumber : Panjebar Semangat   No. 7 - 18 Pebruari 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar