Senin, 23 April 2012

Bhagawadgita - Kidung Sukmo - Nyanyian Tuhan

Marga isiné Bhagawadgita pancén béda karo buku-buku liyané, bédané saka duwuring ngélmuné, saka wingiting kekerané, saka adiluhungé kawruhé. 

Ing jamané alam nedya bali marang kapribadén nasional, aapa ora prayoga yén kita déwé njarwakaké lan mbabar manéh “Bhagawadgita” kang laras karo jiwa kapribadén kita déwé ?