Marga isiné Bhagawadgita pancén béda karo buku-buku liyané, bédané saka duwuring ngélmuné, saka wingiting kekerané, saka adiluhungé kawruhé.
Ing jamané alam nedya bali marang kapribadén nasional, aapa ora prayoga yén kita déwé njarwakaké lan mbabar manéh “Bhagawadgita” kang laras karo jiwa kapribadén kita déwé ?
Naskah ini adalah cukilan dari buku KIDUNG SUKMO dalam bentuk stensilan yang sudah tidakjelas Penulisnya dan Penerbitnya. Karena isinya bagus, maka perlu untuk di Upload.. Semoga Bermanfaat!
********************
BEBUKANING ATUR
Bhagawadgita iku klebu ing pérangané Bhisma Parwa ing kidung gedé Maha Bharata. Tegesé Bhagawad Gita mono rerepéning Jawata, kidung sukma utawa rerepén suci, amot wulangané Sri Kresno marang Arjuna, nalikané arep umangsah perang Bharatayudha anan ing tegal Kuruksétra.Wis akéh banget pujangga sarta sarjana kang njarwakaké Bhagawadgita saka basa Sangsakerta menjang basa-basa modern, lan basa apa baé ing salumahing bumi iki, - mengkono uga Bhagawadgita kang jarwan ing basa Jawa, iya wis naté dibabar, warna telu utawa luwih, jarwan lugu utawa mawa werdi.
Yén kita maca jarwan kang lugu tanpa ana katerangané utawa werdiné, angél banget enggon kita nedya nampani isiné wejangan ing Bhagawadgita mau, marga méh kabéh isiné sarwa nganggo pralambang lan prasemon, Kejaba mengkono ora sethithik anané istilah kang ora trep yén dijarwakaké lugu nganggo basa liya.
Ing ngatasé bangsa Kulonan sarta bangsa liya-liya isih sengsem nyurasa lan merdéni “Bhagawadgita”, - apa ora prayoga yén kita ndudah manéh donyabrana kang wis lawas kapendem iki? Gajegé yén ora kléru, kang minulya Bung Karno iya wis naté nganjuraké supaya kita aja terus-terusan kérem ing kapustakan Kulonan, nanging mbok iya sok ndudahi kapustakan Wétanan, kayadéné Ramayana, Bhagawadgita, Mahabharata lan sapanunggalané.
Enggoné njarwakaké kidungé, didapuk syair modern kang laras karo jiwa lan swasanané basa kang dienggo. Sejatiné mono, asliné dapukané kidung ing “Bhagawad Gita” umadeg saben pada saka rong ukara, saben ukara iketané nganggo purwakanthi. Nanging ing “The Song of God” kang wis dijarwakaké sarta diwerdéni déning Swami Prabhavananda lan Christopher Isherwood, dapukané kidung dirombak babar pisan, tuladané kita aturaké ing sisih iki, yaiku kidung nalikané Arjuna wiwit matur marang Kresna, dijarwakaké mengkéné :
Krisna, Krisna,
Now as I look on,
These my kinsmen,
Arrayed for battle.
My limbs are weakened,
My mouth is parching,
My body is trembles,
My hair stands upright,
My skin seems burning,
The bow Gandiva
Slips from my hands,
My brain is whirling
Round and round.
I can stand no longer.
Ing wekasané Arjuna kang wis ngalumpruk mau, matur aluwung mati katimbang perang, - wis dijarwakaké mengkéné :
I shall not struggle,
I shall not strike them,
Now let them kill me,
That will be better.
Nyata yén enggoné Swami Prabhavananda lan Christopher Isherwood njarwakaké kidung mau : bébas, manut wirama lan swasana modern jaman saiki.
Nalika pangripta pitepungan karo salah sijining mahaguru ing Berkeley University, buku kasebut dak-tuduhaké, ngendikané mahaguru mau jaré jarwan lan enggoné merdéni buku mau pancén apik, laras marang jiwa lan semangaté bebrayan ing tanah Kulonan.
Saploké ndarbéni buku mau, tuwuh gagasan nedya merdéni wejangané Sri Kresna mau, nanging tansah kandeg saka pangrasa rangu-rangu. Dudu kaya rangu-ranguné Arjuna, nanging rang-rangu marga saka angélé enggoné merdéni lan saka rupaké wawasan enggoné nedya medaraké kang kanthi wijang sarta gampang dingerténi.
Marga apa? Marga isiné Bhagawadgita pancén béda karo buku-buku liyané, bédané saka duwuring ngélmuné, saka wingiting kekerané, saka adiluhungé kawruhé.
Ing jamané alam nedya bali marang kapribadén nasional, -aapa ora prayoga yén kita déwé njarwakaké lan mbabar manéh “Bhagawadgita” kang laras karo jiwa kapribadén kita déwé ?
Ing ngatasé bangsa Kulonan sarta bangsa liya-liya isih sengsem nyurasa lan merdéni “Bhagawadgita”, - apa ora prayoga yén kita ndudah manéh donyabrana kang wis lawas kapendem iki? Gajegé yén ora kléru, kang minulya Bung Karno iya wis naté nganjuraké supaya kita aja terus-terusan kérem ing kapustakan Kulonan, nanging mbok iya sok ndudahi kapustakan Wétanan, kayadéné Ramayana, Bhagawadgita, Mahabharata lan sapanunggalané.
Mungguh sejatiné mono, kapan lahiré lan sapa kang nyipta “Bhagawad Gita” iku, - tumekané saiki isih durung gumathok enggoné ngarani kanthi patitis. Nanging carita bab dumadiné “Bhagawadgita” iki nalikané ngadepaké Bharatayudha, déné dumadiné Bharatayudha iku klebu ing kitab Mahabharata, kang kesuwuré dikarang déning Pujangga Vyasa, kang déning bangsa Jawa disebut Bhagawan Abiyasa utawa kang jejuluk Sang Krenadwipayana.
Sawatara sarjana ngarani, durung kena dipasthékaké yén kang ngarang Mahabharata iku Viyasa, amarga basané lan iketané ukarané: béda-béda, akéh pathéké yén kang ngarang mau pujangga luwih saka siji, dudu mung Viyasa baé.
Dadi sok ngonoa lahiré Bhagawadgita kurang cetha kapan dina tanggal tauné, apadéné sapa kang nglahiraké iya isih dadi pitakonan, mung baé wis kondang yén Bhagawan Abiyasa iku kang diakoni pengarangé déning para sutresna kapustakan wayang purwa.
Mungguh wujudé kasusastran “Bhagawag gita” iku dumadi saka pocapané Drestarasta, Sanjaya, Kresna lan Arjuna. Drestarasta iku kapernah ramané Kurawa, kangmasé Pandu, déné pandu iku ramané Pandawa. Pandu wis séda disik, - ninggal putrané kalima pandawa.
Nalika perang Bharatayudha, Drestarasta kang tinitah wuta, ora bisa nyipati kahanané peperangan, banjur nimbali patihé kang aran Sanjaya, mundut pirsa kepriyé nalaika semana.
Héh, Sanjaya, kapriyé kahanané putraningsun lan sutaning Pandu, kang nedya bandayudha satekané ana tegal Kuru, iya tegal Suci?
Mengkono pangandikané Drestarasta, kang banjur diaturi wangsulan déning Sanjaya kanthi nglapuraké kahanan sadurungé perang diwiwiti. Iya palapurané Sanjaya marang Drestarasta kang awujud wawancara utawa Kresna lan Arjuna iki, kang dadi isiné layang “Bhagawad gita”.
Wondéné bisané Sanjaya ngaturaké palapuran pandengan mata tumrap anané kadadéyan ing tegal Kuruksétra mau, ora liya marga saka bangeting panyuwunané Sanjaya marang Kang maha Agung nganti antuk kanugrahan peparingé Sang Viyasa iya kang peparab Bhagawan Abiyasa, arupa sesawangan gaib, kang nggambaraké kahanan ing paprangan.
Buku “Kidung Sukma” iki kita aturaké, sawisé pangripta migatékaké isiné buku-buku jarwan sawatara, kejabané kang wis kaaturaké ing nduwur, uga buku-buku “Srmad Bhagawadgita” déning Swami Viresvananda, “Prince of Ayodhya” déning Prof. D.S. Sarma M.A., “Thus Spake Sri Kresna” déning Swami Suddhasatwananda lan kang wigati déwé, sawisé ngliling bola-bali jarwan karyané R.M. Partowiroyo ing Wonogiri, kang naté kababar ing tahun 1922. Malah kidung-kidung kang kapacak ing kéné, sapérangan gedé mung nedak saka jarwan kasebut, marga yén katanding karo jarwan liya-liya, - ing pangrasané pangripta, jarwan iki kang luwih laras lan rasa-pangrasa kita.
Yén pangripta kumawani ngaturaké buku iki minangka waosan, ora marga saka wis faham temenan marang isi lan saripathiné wejangan adiluhung ing “Bhagawad gita”, ora babarpisan, - jer mung nedya urun-urun mepaki wacan kang sipaté memetri kabudayan kita, mbok manawa kena kanggo nenangi kapribadén nasional sarta nyenyebar faham kerohanian, kang supaya pengaruh kadonyan kang saiki banget ngébat-ngébati nyempyok lan nggendeng watak nasional kita, bisaa tada ana imbangané.
Ing buku isi, isiné “Bhagawadgita” ora kabéh kita jarwakaké, mung kita pilihi endi kang perlu-perlu baé, supaya luwih ringkes lan ora gampang njalari kisruhing panemu. Satemené mono isiné dumadi saka 18 bab, nanging bab 13, 16, lan 17 kita liwati baé, marga isiné mung mbaléni bab kang uwis-uwis. Suwaliké bab 4 kita dadékaké rong pérangan, marga saka dawané lan isi rong prakara kang ora pada.
Yén ana andaran kang karepé pada utawa isi candaké andaran kang uwis-uwis, nadyan dumunung ana ing bab liya, - kita kumpulaké dadi siji. Perluné supaya urut, gampang enggoné para maos ngruntutaké wawasané. Upamané ing bab 1, kita wuwuhi kidung saka bab 2, marga isiné isih nunggal karo isiné bab 1. Déné pérangan liya saka bab 2 mau, réhné isi wedaran babagan liya, banjur kita pacak ing bab candaké.
Ing bab kaping XI saka buku iki, tinemu bawarasa kang kaping 13, nanging uga kita campur karo isiné bawarasa kang kaping 14, marga awujud candaké kang ana ing bab XIII mau, yaiku bab sattwam, rajas lan tamas. Perluné, ya supaya urut lan luwih nggampangaké enggoné pada nglaras ora blenjat-blenjat.
**************
Bersambung. ke: Kidung Sukmo ! -Bhagawad Gita
Tidak ada komentar:
Posting Komentar