Selasa, 23 Juni 2015

DITINGGAL TURU

HUMOR



DITINGGAL TURU


Lumrahe yen wong ujian kuwi mesthi kepengin lulus lan asile apik. Paribasan direwangi sinau nganti wayangan yen asile ora padha karo sing dikarepake mesthi nuwuhake rasa mangkel jroning atine. Beda maneh karo kancaku sing jenenge Dul Gemuk. Nalika test TOEFL sing dianakake ing kampusku durung suwe iki, dheweke malah tuenang-tuenang saja bin santai aliyas pasrah.


Sawise soal lan lembar jawaban wis ditampa dening peserta, pitakonan nomer siji tekan seket soale listening. Nuli disetelake radio sing isine wawanrembuge wong manca, dirungokake njur wangsulane ya saka wawanrembuge kuwi mau. Ngelingi aku dhewe ya ora patiya ngerti artine, becike macak pinter. Saben radione bubar ngomong aku njur milih wangsulane sing pancen kari milih merga pancen pilihan gandha. 

Nalika test iki ora ana sing turunan. Merga ngiter wektu sing mung disedhiyani rong jam. Durung karuwan yen nurun kuwi jawabane bener.

Bareng aku noleh memburi, lha kok si Dul Gemuk mau jebule turu je. Merga soale sing saka radio mau wis bar, dheweke njur dakgugah. Daksawang lembar jawabane isih kosong blong. Mbuh digarap apa ora aku ora ngerti. Aku njur nerusake nggarap soal teruse merga aku ya pengin ndang bar terus metu saka ruwangan sing pancen hawane adhem tur marahi ngantuk.

Telung minggu candhake wis ana pengumuman saka asile test wingi. Bareng dakbukak ing internet, kancaku sakkelas padha lulus kabeh kejaba Dul Gemuk sing oleh nilai 333. E, pancen ya ora tenanan anggone nggarap. Apa tumon, test toefl malah ditinggal turu? Ya kuwi Dul oleh-olehe, suk taun ngarep awakmu test maneh.

(Gayuh R. S. - Pulung, Ponorogo)

Sumber : Panjebar Semangat   No. 7 - 18 Pebruari 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar