Selasa, 23 Juni 2015

KACAMATA JARAN

HUMOR



WELHA JEBUL KACAMATA JARAN TA




Nuju sawijining dina, S sing bocahe pancen sregep nyambut gawe gaweyan ngomah iki arep resik-resik sawang sing pating grandhul ana ing pyan omahe.  

S sajak antusias "merontokkan" sawang neng njero omah. 

Eh ning sedhela-sedhela S gur nggrundel wae amarga mripate kelilipen lebu-lebu. 

Pedhes banget rasane, mula S mikirke cara piye supayane mripate aman lan terlindhungi. 


Bola-bali gur wira-wiri neng kamar mandhi kanggo ngraupi raine ben ilang saka kelilipen kuwi mau.  

Ujug-ujug ana ide yaiku ngang­go kacamata. 

Tibake nganggo kacamata ya ora mempan, lebu lan kotoran isih tetep mlebu nang mripat. 

S nganti jengkil kae rasane. 

Ora gur kuwi wae, sawang-sawange dadi ora ketok mergane kacamatane rupane ireng. 

Mula S banjur ganti nganggo kacamata liyane. 

Asal comot wae S mbuh nganggo kacamatane sapa. Terus dheweke nerusake anggone reresik sawang mau. 

Bola-bali mripate diucek-ucek maneh. Ki kok aneh ya, wis nganggo kacamata kok isih tetep klebon lebu. 

Batine S anyel tur nggrundel. Tibake kacamata kuwi gur kari prime thok alias bolong. Hahaha ... 

Apa tumon ... 

Bareng ngerti, S nyekikik dhewe banjur tolah-toleh mbokmenawa ana wong liya sing nyawang lak ya kewirangan lan kisinan tenan jare .... Hehehehe.

(Agustini Endang Rohmiyati - Wonogiri)

Sumber : Panjebar Semangat   No. 7 - 18 Pebruari 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar